Selasa, 05 Februari 2013

Suradira Jayaningrat Lebur dening Pangastuti

Gambar samak mburi majalah Penjebar Semangat.

Majalah basa Jawa? Hmm..

Rasane ing jaman iki angel nemoni majalah kang basane basa daerah/lokal. Coba wae kanca-kanca kang ana ing wewengkon kang nggunakake basa Jawa kanggo omong-omongan nggolek majalah basa Jawa. Isa takpesthekake yen bakal kangelan anggone nemu.

Pengalaman kang takduweni pas nggolek majalah basa Jawa Djaka Lodang ana ing wewengkon Ngayogyakarta dewe mujudake yen majalah kang migunake basa daerah iku sarwa mepet. Mepet anggone nyetak, mepet anggone ngedol, mepet sing maca, lan sakpanunggalane. Djaka Lodang dewe ana ing kutha Ngayogyakarta diterbitake seminggu pisan lan ora okeh anggone nyetak yen takwaspadake. Ananging, sanajan mengkono, Djaka Lodang iku kepethung laris. Telat sithik wae anggone golek ana ing kios majalah langgananku mesthi ora komanan.

Sing dadi pitakonan saiki, kenapa majalah basa Jawa iku kok ora isa kawentar kaya majalah liyane kang nggunakake basa Indonesia lan basa manca?

Sakumpama kanca pamirsa nduweni jawaban, sumangga ta kula aturi nyerat wonten ing kolom komentar ingkang sampun cumawis wonten ing ngandhap niki.

Suwun ... :-)