Jumat, 01 Februari 2013

Ngayogyakarta, Yogyakarta, Jogjakarta utawa Jogja?


Bingung ora kanca-kanca pamirsa maca judul ana ing nduwur iku? Muga-muga wae kanca-kanca pamirsa wis isa mbedhek apa teges kang ana ing tembung kang kasusun dadi judul ana ing nduwur.

Ngene kanca-kanca pamirsa netlander, iki mau aku nyoba mbukak-mbukak bank foto Flickr ana ing internet kanthi bantuan Firefox. Pancen radha kurang gaweyan yen dirasake. Ananging, miturutku, iki penting kanggo ngasah mripat. Hehehe.. :-)

Ana ing flickr iku aku nemoni foto-foto kang ngedhap-idhapi kaendahane. Pinter-pinter tenan pancen anggone kanca-kanca fotografer. Salah sakwijining foto kang takpenthelengi iku asale saka tembung Jogja. Jogja iku tembung kang gampang diocapke ana ing ilat. Dileboke ana ing internet dadi tembung kunci uga nyenengake.

Mbasan foto-foto kang njedul sakuwise tembung Jogja mau kalebokake, aku kesengsem karo foto kang mituduhake salah sijining bangunan kang kawentar ana ing Jogja. yaiku Tugu Jogja. Sing dadi pitakonan saiki, apa hubungane Tugu Jogja lan judul ana ing artikel iki.

Coba saiki kanca-kanca pamirsa bedhek wae apa hubungane?
Nuwun. :-)

Salam netlander . . .


Foto ilustrasi dijupuk saka kene.