Tampilkan postingan dengan label capital. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label capital. Tampilkan semua postingan

Rabu, 30 Januari 2013

@ Kotagede, Yogyakarta


Nglekasi dina Rebo, 31 January 2013 iki aku ngowahi keterangan panggonan (location) ana ing keterangan anggonku ngirim artikel blog. Panggonan anggonku ngirim tulisan dina iki taksebutke ana ing Kotagede, kutha Ngayogyakarta, Indonesia. Takpikir para pamirsa uwis ngerteni jeneng panggonan iki.

Kotagede iku, kaya kang kasebut ana ing Wikipedia, salah sijining papan kang ana ing kutha Ngayogyakarta, Indonesia. Kotagede iku asal mulane jeneng sing kajupuk saka jeneng wilayah kutha lawas (kuno) Kotagede. Kotagede iku kutha kang tau dadi ibukota (capital) kerajaan Mataram Kuno. Mula bukane Kotagede saiki dadi salah siji wilayah heritage.

Kotagede ana ing jaman saiki kawentar amarga industri kerajinan perak kang migunake cara sik unik (coba waca ana ing sambungan iki). Sakindhenge dalan-dalan gedhe ing Kotagede, awake dewe gampang nemoni toko-toko sing dodolane saksernane kerajinan perak.

Ing panutup, pamedar blog mung isa ngajak para pamirsa supaya kersa tindak nuju Kotagede. Sumangga.. :-)

Foto dipun pendhet saking mriki.